Minggu, 25 Agustus 2013

Juguran Neng Risban (Ngapak Banyumasan)


Lagi medang krungu ana wong pesen wedang neng warung pojok desaku, “Mba…..Jaesune ya siji, aja kakean susune, aku ra seneng legi!,  “njiha mas” jawabe si bakul. Aku dewek ya anu lagi karo nyruput jaesu sing wis mulaih adem, tek gatek-gatekna wong sing pesen miki lagi nyleretna sleting jaket karo arep njagong neng risban, tapi esih ewuh alias rikuh.

Teriring suara musik dangdut mandan kepenak, liyer-liyer campur mambu gorengan sing lagi di masak neng warung kue. Bawang brambang karo muncang di uleg-uleg neng njerone glepung sing wis kaya adonan wong arep gawe roti. Ma’ sreng kukuse sekang waja kemebul kaya kukus wedus gembel gunung merapi.

Ndadekna suasana warung tambah rame, ketambahan bocah lan wong mulai pada teka pesen pirang-pirang panganan gorengan. Ana gedang goreng, tahu aci, mendoan, tahu brontak kopi, jes susu, soda susu lan susu tok. Adem bisa panas bisa pokoke warung pojok kiye kumplit se kumpli-kumplite ala warung pojok desaku neng sejerone malam minggu-an.

Balik maning cerita mau aku dewek wis munggah mangan 'dang goreng' ping telune. Karo basa-basi mangga mas pinarak mriki, niki risban senajan kados niki tapi jean penak jagongane pa maning karo medang he..he. “Njih mas” jawabe wong mau.

Aku esih karo klenyam-klenyem mangan gedang goreng sing buket tapi mandan atos, apa maning glepunge sing neng pinggir, wis pokoke mung tek kleteki tok kaya arep mangan roti jebolan supermarket sing bungkuse seret pisan..he..he.

Wong mau wis njagong karo mandan mesem-mesem tapi isin, dadi aku ya basa-basi maning. Saking pundi napa bade tindak pundi mas. ”Oh, kula saking mriki mawon, sekalian klintung niki la, mumpung terang. Snajan mpun tua ningen ya pengin jagongan kaya jamane nom biyen” jawabe. Terus tek sauri..oh njih mangga. 

Aku dadi mulaih Mandan mikir tapi ya ora serius banget, wong ditakoni sekang ngendi, malah saking mriki mawon besanu wong pendatang apa ya. la ra penting, sing penting tek terusnane medange jaesu. 

Menyat karo ngencengna katok, aku pesen wedang maning. Yu mbekayu kye di jog maning la, wis adem jasune ko. Tapi tek deleng bakule kayane ora krungu sibuk nggoreng apa mbuh kae. Ahire tek jajal maning Yu..yu kye di jogi maning ya !. Bakule nylinguk karo mandan bingung. “Pripun mas” jawabe Mbekayune. Kiye di jog maning ko. ”Oh njih" semaure bakule. Aku ya semaur yaa suwun.

Karo njagong maning, basa basi aku nyletuk gawe topik sing ndean mandan cocok go dopokan malam mingguan. Mergane bakule wis mandan ngantuk mulane tek undang mau ora krungu.

Gye yu !, omonganku mandan seru karo narik sikil tengen jegang. Bakule ora njawab mung nlylinguk tok. Aku ngomong maning, gye yu ! kira-kira ana apa ora ya, presiden njagong neng nduwur risban.

Bakule ngguyu karo ngomong ”alaah !, ana-ana bae, masa presiden njagong neng risban ya ngko bokonge gatel,,,ha..ha..presiden ya neng sofa empuk mas la”.

Aku semaur apa iya.Ya iya lah” bakule semaur cepet pisan. La terus nek siki kursine wis sofa empuk udu risban tapi bokonge gatel kenang apa kue yu. Ha..ha bakule ngguyu maning malah tambah kenceng kanti keton untune.

Nek gatel ya berarti kursine anu akeh tinggine kue" jere bakul jaesu. La apa risban kiye ra ana tinggine yu, aku takon maning. "Ya ora, mbok mas..e lenggah neng kono penak bae mbok ra clekat-clekit dicakoti tinggi"  bakule semaur maning.

Agi guyon karo bakule sing wis mulai ilang ngantuke, jebule wong lanang mau melu mesem-mesem. Dadi ya sisan tek jek kandah sisan, mbok leres nggih mas nek kursi empuk karo sing ora sekelase risban kiye mesti bebas saking tinggi nggih. 

Wonge njawab karongguyu. "he..he kados tah leres niku, bilih kursi apik kalih sing biasa niku boten jaminan boten wonten tinggine. Sing penting kursi niku dirumat, la nek boten de rumat napa mawon sing jenenge tinggi niku ya mesti nyakot. Napa malih sing nglenggaih niku getieh tiang duwur-duwur mangane bergizi, ya tinggine mesti betah pisan…ha..ha….”..kompak wong sewarung guyon kabeh

“Asem jere, jebul kye wong kandaeh mandan intelektual dadi tambah penasaran lho. Ora suwe, wis lagi mulaih gayeng wong mau menyat karo pamit. Nuwun sewu kula krihin njih” tek jawab, lho pripun wong teksih sonten ko. Terose bade malem mingguan mas.

Njih ngapunten, kula wonten perlu niki wonten sms, saking bojo kula. Sekalian kula bade niliki kursi kula sing tembe tumbas, anu dereng kula jajal mbok wonten tinggine pareng”.

Oh njih mangga-manga maturnuwun. ha..ha…..asem jere, kye wong teyeng bae gawe plesetan, besyanu esih tunggale tukul..he..he.(ies)
 
                                                                                Imam Edi Siswanto/25 Agustus 2013
                                                                                            Wong Banyumas Asli

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Penyuluh Agama Islam KUA Kalimanah Salurkan Bingkisan Lebaran Kepada Mualaf

  PAI Fungsional Yuyu Yuniawati, SAg, saat menyerahkan bingkisan kepada keluarga Mualaf di Desa Klapasawit, Kalimanah, Rabu (27/3/2024) (Fot...